Ragam

Kisah Islam Berbahasa Jawa: “Al Harits Karo Asbabun Nuzul Babagan Pentinge Tabayyun ing Masyarakat”

2
×

Kisah Islam Berbahasa Jawa: “Al Harits Karo Asbabun Nuzul Babagan Pentinge Tabayyun ing Masyarakat”

Sebarkan artikel ini

Tabayyun kuwe salah siji watek sing mulya lan salah sijining dasar sing wigati kanggo njaga keaslian Agama Islam lan ngraketaken tali silaturahmi nang babagan sosial. Mbiasakaken bertabayyun urip nang alam ndunya karo masyarakat Insya Allah bakalé urip tentrem adoh sekang tukaran karo umat muslim khususé lan manungsa liyané.

Allah Subhanahu Wa ta’ala malah prentah umat muslim supayané bertabayyun anggoné nggolét kebenarané sekang apa sing uwis dhéwék krungu, merga nang kono setan karo tipu muslihaté nggodha imané dhéwék supayané nudhuh wong sing gawé salah ora takon dhisit kebenarané, sing kaya kiyé sing gawé kewatir apa maning angger dhéwék urip nang masyarakat karo tangga teparo.

Kaya déné firman Allah swt sing monine : Kanggo kabéh wong-wong sing duwé iman umpamané ana wong faasiq teka maring panjenengan nggawa warta sing wigati bertabayyunlah (sing teliti), supayané aja nganti panjenengan awéh hal sing bahaya maring kaum ngaggo dasar kebodohan lan sebacuté gawé ngajog merga kelakuané dhéwék. {Q.S Al-Hujurat/49:6}

Asbabun Nuzul sekang ayat sing nang ndhuwur dhéwék kuwé semenané Rasulullah aséng maring wong sing arané Al Harits supayané mlebu maring Agama Islam lan bali aséng maring kaumé supayané padha mlebu maring Agama Islam. Wektu semeno uga Rasulullah aséng supayané mbayar zakat sing uwis disepakati bareng.

Nalika waktuné uwis teka, Rasulullah SAW ngutus wong sing arané Al Wahid bin Uqbah kon njikot zakat sing uwis dijanjikaken. Ningén nang ndalan atiné Al Wahid bin Uqbah wedi lan mbalik maning maring Rasulullah SAW ora butul maring panggonan sing dituju mau ya kuwé Al Harits. Sauwisé butul dhéwéké banjur ngarang crita yen lamona Al Harits ora gelem awéh zakat lan arep maténi dhéwéké. Krungu crita kuwé Rasulullah SAW njuran ngutus wong supayané mburu mariné Al Harits. Ningén utusan kuwé mau ketemu karo Al Harits nang tengah-tengah dalan sing arep mburu maring Rasul karo nggawa zakat sing uwis dijanjikaken. Sauwisé ketemu karo Rasulullah, Al Harits kandhah sing sebeneré. Lan sebacuté mudhun QS Al Hujurat ayat 6, sing isiné peringatan kanggo umat muslim supaya betabayyun anggoné ngadhepi warta sing butul maring kupingé dhéwék. Lan mestiné njaluk penjelasan sekang rong pihak kudu nggenahaken maning warta sing detampa dhéwék.

Penerjemah Bahasa Jawa: Sumiati Umi Asmarani (Penulis novel online ISTRI SUAMIKU, BUKAN MENANTU IDAMAN. Cerkak BELIK yang dimuat di Majalah Ancas pada tahun 2022. Novel Bahasa Daerah KAKI TUPON LAN NINI RIKEM yang diterbitkan pada akhir tahun 2022. Cerkak LUMBAN dan HANDPHONE di Majalah BOBA Banyumas pada tahun 2023)

https://www.koransinarpagijuara.com/2022/06/26/media-cetak-diprediksi-lebih-menyehatkan-akal-pikiran-dibandingkan-media-sosial/

https://www.koransinarpagijuara.com/2023/04/09/selama-5-windu-media-massa-sinar-pagi-diprediksi-miliki-lebih-dari-10-juta-publik-baca/