Kisah Islam Berbahasa Daerah: “Zaid bin Haritsah, Asal Mulane Mudunne Ayat Qur’an Babagan Anak Pupon”

0
179

Zaid bin Haritsah kuwé batiré nabi sing dadékaken asal muasal mudhunné ayat anak pupon. Crita kiyé mauné merga Zaid diculik wektu diséngi ibuné lunga bali maring kampung. Bacut dhéwéké diserang lan didadékaken budhak ganing para penjahat.

Ibuné nggoléti Zaid manggon nang ngendi merga kepéngin ngerti apa anaké uwis mati apa ésih urip. Sauwisé kesel merga kewatir sing uwis tumpuk-tundhung, njur ibuné olih warta bungah yén lamona anaké ésih urip lan urip nang kota Mekkah bareng karo Rasulullah SAW. Beliau mupu Zaid dadi anak.

Krungu warta kuwe Ibuné Zaid njur mangkat maring Kota Mekkah sangu dhuwit kanggo nebus anake. Sebutulé ibuné maring panggonané Baginda Rasulullah, beliau njaluk Zaid milih apa arep nang kono baé manggon bareng nabi apa mélu bali bareng karo ibuné. Umpamané bali, Rasulullah arep ora njaluk dhuwit tebusan sekang wong tuwané Zaid.

Zaid milih urip bareng karo Rasulullah. Beliau njur ngumpulaken wong sekitaran kono kanggo ngumumaken yén lamona Zaid kuwé anaké lan mlebu maring catetan ahli warisé. Ningén sekang kedadiyan kiyé mudhun ayat Allah surat Al Ahzab ayat 5 sing isiné babagan anak mupu kudu tetep deundang aran rama kandungé, dudu rama angkaté.

“Undangen kaé bocah (anak pupon) nganggo aran rama kandungé kaé; kuwé sing lewih adil nang jéjeré Gusti Allah, umpama ora ngerti sapa rama kandungé undangen dadi sedulur-sedulurmu seagama lan maula-maulamu”(Qs al-Ahzab:5).

Penerjemah Bahasa Jawa: Sumiati Umi Asmarani (Penulis novel online ISTRI SUAMIKU, BUKAN MENANTU IDAMAN. Cerkak BELIK yang dimuat di Majalah Ancas pada tahun 2022. Novel Bahasa Daerah KAKI TUPON LAN NINI RIKEM yang diterbitkan pada akhir tahun 2022. Cerkak LUMBAN dan HANDPHONE di Majalah BOBA Banyumas pada tahun 2023)