Sabda Nabi Berbahasa Daerah: “4 Wasiat Nabi Muhammad Kanggo Ali bin Abi Thalib Babagan Kedermawanan”

0
234

Wong-wong muslim sing awéhan, mesti ditresnani déning Allah SWT. Uripé dhéwéké arep dikebeki ganing keberkahan lan limpahan rejeki. Kitab Wasiyatul Mustofa kaya déné Imam Asy Syarani awéh ngerti ana pirang wasiat  Nabi Muhammad SAW Sahabat Ali bin Abi Thalib babagan pentingé wong awéhan.

4 Wasiat Nabi Muhammad babagan pentingé Wong sing Awéhan kuwe:

  1. Pérek karo rahmat Allah lan adoh karo siksané Allah

Wahai Ali, wong sing awéhan kuwé pérek karo Allah, wong sing awéhan kuwé pérek karo rahmaté Allah lan adoh sekang siksané Allah. Wong sing bakhil kuwé adoh sekang Allah, wong sing bakhil kuwé adoh sekang rahmaté Allah lan pérek karo siksané Allah.

  1. Surga degawé kanggo wong sing awéhan

Wahai Ali, wektu Allah gawé surga, surga kuwé takon: Ya Rab, inyong degawé arep nggo ngapa?

Allah semaur: Kanggo wong sing seneng awéhan lan wong sing taqwa. Bacut Surga semaur: Inyong ridha (kanggo wong sing awéhan). Ora keri karo neraka sing mélu baé takon: Ya Rab, arep nggo ngapa inyong degawé? Allah semaur: Kanggo wong sing bakhil lan takabur. Neraka semaur bangga: Inyong menang bisa olih loroné (wong sing bakhil karo sing sombong).

  1. Wong sing awéhan dislametakén Allah

Wahai Ali, ngati-ati maring do’ané wong-wong sing awéhan, merga sejatiné wong sing awéhan umpama keplését mesti Allah nylametaken.

  1. Olih Sejuta Kemulyaan

Wahai Ali, sapa wongé sing awéh mangan maring wong muslim kanti ikhlas, Allah arep nyatet sejuta kemulyaan, mbusek sejuta alané, lan njujung séwu derajaté.

Penerjemah Bahasa Jawa: Sumiati Umi Asmarani (Penulis novel online ISTRI SUAMIKU, BUKAN MENANTU IDAMAN. Cerkak BELIK yang dimuat di Majalah Ancas pada tahun 2022. Novel Bahasa Daerah KAKI TUPON LAN NINI RIKEM yang diterbitkan pada akhir tahun 2022. Cerkak LUMBAN dan HANDPHONE di Majalah BOBA Banyumas pada tahun 2023)

Media Cetak Diprediksi Lebih Menyehatkan Akal Pikiran Dibandingkan Media Sosial